PIDHATO SAMBUTAN
KETUA OSIS
“MBIJI ADIWIYATA
TINGKAT PROVINSI”
Assalammu’alaikum
Wr. Wb.
Ingkang kula bakteni Para Dewan
Juri, Bapak Kepala SMP Negeri 5 Pasuruan, ingkang kula kurmati para Bapak saha Ibu guru SMP Negeri 5
Pasuruan, saha ingkang kula tresnani para Duta lingkungan lan Pokja lingkungan.
Ingkang sepisan sumangga kula
panjenengan sedaya ngonjukaken puja-puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha
Agung, awit kanthi kawelasanipun kula panjenengan sedaya taksih makempal wonten
panggenan mriki kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Para Dewan juri lan Bapak saha Ibu Guru
ingkang kinurmatan, para Duta lingkungan lan Pokja lingkungansedaya, kula sulih
salira saking Ketua OSIS badhe ngaturaken agung matur nuwun amargi para Dewan
juri, Bapak saha Ibu Guru sedaya saged rawuh wonten ing adicara “Mbiji
Adiwiyata Tingkat Provinsi”, salajengipun kula ngaturaken matur nuwun ugi
dhateng para Duta lingkungan lan Pokja lingkungan ingkang sampun nyumbangaken
tenaga lan penggalihipun saengga adicara menika saged kaleksanan kanthi sae.
Para Dewan juri lan Bapak saha Ibu
Guru ingkang kinabekten, wonten ing adicara menika kula minangka Ketua OSIS
ngaturaken pangapunten mbokbilih katah kalepatan anggenipun nyaosi papan
palenggahan lan samudayanipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Para Duta lingkungan lan Pokja
lingkungan SMP Negeri 5 Pasuruan ingkang kula tresnani. Mugi-mugi panjenengan
sedaya ilmune tambah katah tentang wawasan lingkungan lan mugi-mugi peduli
menyang lingkungane saged ngetrapaken wonten ing panggenan panjenengan sedaya,
mugiya ngilmu menika saged migunani dhateng agama, bangsa saha negara. Amin.
Para Dewan juri , para Bapak, para
Ibu Guru saha pengurus lingkungan sedaya ingkang kinurmatan, cekap semanten
atur kula. Mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana kathah kalepatan
saha kirang kula ngaturaken agunging samudra pangaksami.
Matur nuwun,
Wassalammu’alaikum Wr. Wb.




0 komentar:
Posting Komentar